KPJ 102 ALLAH YÉKU PANGÈN KULA
Versi Version 1
1
Allah yéku pangèn kula
kang gung sih tresnanya.
kula tansah rinimatan
srana gung kadarman.
2
Kula tansah dènayomi,
mila ayem yekti;
tinuntun ing margi adi,
wit asmané Gusti.
3
Kula tan ajrih bilai,
wit kinanthi Gusti;
wah lestantun pangreksanya,
temah kula begja.
4
Nadyan sinatru ing mengsah,
nging tatag ing manah;
Allah nglubèrken sih-rahmat,
berkahnya tan kendhat.
5
Kula rinoban kabegjan
salamining gesang,
saha manggèn lan memuji
ing dalemé Gusti.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK