KPJ 148 DHUH RAMA KULA ING SWARGA
Versi Version 1
1
Dhuh Rama kula ing swarga,
asma Paduka sinucekna;
kraton Paduka rawuha,
wradin ing sajagad sadaya.
Karsa Paduka kalampahana,
neng bumi kadya neng swarga.
Kula mugi pinaringana,
rejeki kula sadintennya.
Paduka mugi angaksama,
sagunging klepatan kula.
2
Kados dene kula ngapunten
tyang kang klepatan dhateng kula.
Punapa malih sampun ngantos
kula dhawah kenging panggodha;
kula Paduka uwalaken
saking wewatakan dursila,
awit Paduka kang kagungan
kraton kaliyan wisesa
wah malih kamulyan kang langgeng
ing salaminipun. Amin

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK