KPJ 155 AKU TAN NATÉ MANGERTI
Versi Version 1
1
Aku tan naté mangerti kapan begja cilaka,
mung tansah pasrah mring Gusti, yéku Pamarta setya.
Mantep pracaya ing ati manut rèh lan sabdanya.
Tinuntun dumugèng janji mring kasampurnan swarga.
2
Aku asring tan mangerti karsèng Allah Makwasa.
Donga panyuwuning ati tan kajurungan mulya.
Nging yektiné, Gusti nganthi; astanya tansah ngreksa.
Dé panuntuning Roh Suci, sirna pangrehing dosa.
3
Uripku ing pangrèhé Gusti, tan ana pangrèh liya.
Kasarasan lan rejeki, wuwuhing sih-nugraha.
Rancangan tinata tliti, pratandhaning sutresna.
Aku tan kwatir, tan wedi, mung begja kang pinanggya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK