KPJ 182 PUJI SOKUR LAN PANGGUNGGUNG
Versi Version 1
1
Puji sokur lan panggungggung konjuk mring Hyang Maagung,
kang nitahken jagad raya wah ngreksa kanthi setya.
Makluk wrata rinimatan krana sihing Pangeran.
Jagad tentrem lan raharja, lamun manut pangreh-Nya.
2
Surya, candra, lan pra lintang samnya nyunarken padhang.
Peksi ngoceh mawurahan wah sato-kewan girang.
Tetuwuhan ngumbar sekar sarta asung woh-wohan.
Sadaya sami memuji mring Allah Kang Makwasa.
3
Puji sokur lan panuwun konjuk Allah Mamulya,
kang sampun paring pitulung mring pra manungsa dosa.
Kang panggah sami pracaya mring Panebus sejati,
saestu manggya raharja, mulya langgeng ing swargi

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK