KPJ 185 SUMARAH MRING ALLAH
Versi Version 1
1
Sumarah mring Allah jiwa raga rineksa
astanya tansah begja.
Yen rinoban sisah manah datan lesah.
Sinung kakiyatan sing Pangeran,
sinung kakiyatan sing Pangeran.
2
Sumarah mring Allah jiwa - raga
mbangun - turut Gusti trusing ati.
Yen ginodha dosa binujuk duraka,
kekah sarta setya ing pracaya (2x)
3
Sumarah mring Allah jiwa-raga
rinoban ing berkah ayem nyata.
Yen nyanggi momotan dalasan panandhang,
mesthi den luwari dening Gusti (2x)
4
Sumarah mring Allah jiwa - raga,
rinimat, rineksa ing sih mirma.
Yen ingarah pati wit bebener yekti,
mantep dugeng janji Gusti nganthi (2x)
5
Sumarah mring Allah jiwa-raga
tinuntun ing sabda dugeng swarga.
Yen wonten bilai wah miris ing ati,
sinung lipur yekti sing Roh Suci (2x)

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK