KPJ 219 DAWEG TA KANCA KULA
Versi Version 1
1
Daweg ta kanca kula sami
memuji Allah ing dinten puniki,
kula dipun paringi bingah linuwih!
Bingah linuwih!
2
Surak - suraka, kanca!
Sami suka - suka,
mangangge kang sae,
sampun kirang sekare
kang endah-endah! (2x)
3
Swawi angalembana
Allah Kang Mawilasa,
sanadyan Maagung,
karsa miyarsakaken
pamuji kula. (2x)
4
Anggunggung kawlasane
tuwin kamirahane,
punika etuke
sakehing peparinge,
lan bingah kula. (2x)
5
Dene panyuwun kula:
Karibedan sedaya
mugi densinggahna,
darapon lestantuna
bebingahkula. (2x)

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK