KPJ 229 KABINGAHAN KANG SEJATI
Versi Version 1
1
Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki
pasamuwan regeng yekti sesarengan angabekti
memuja, misungsung, ngakendosa, lan nyenyuwun,
bingah-bingah trus ing manah.
Sung kabegjan dhateng liyan numrahna!
Raharja wit wus prapta Sang Pamarta.
2
Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki
brayat sami tetunggilan wah ngabekti sesarengan
ngundhangna Injilnya mrih salir tyang gesang nyata.
Ngluwarana tyang sangsara wah mbelani tyang prihatin,
mrih samya rahayu, wit Sang Kristus sampun rawuh.
3
Kabingahan kang sejati ing riyadi natal niki,
pepanggihan lan pra mitra sesarengan aneng greja
memuji mring Gusti wah leladi mring sesami,
angrukunna tyang congrahan wah nyirnakna kamitegan,
ngegungna sih-tresna. Kristus Gusti sampun prapti.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK