KPJ 262 KWAOSING ASMA PADUKA
Versi Version 1
1
Kwaos ing asma Paduka ingkang kita sebar;
pramila kita dhuh Gusti, tan giris ing pati.
Kadya gesangipun wiji ingkang katanem ing siti,
amrih tuwuha angrembaka, temahan medal wohira,
mumpangati salumahing bumi.
2
Kados tuladha Paduka kang nandhang sangsara,
de sinalib nulya seda, wit dosaning jalma.
kados wiji kang katanem ing siti samnya kapendhem,
makaten kita kang nistha, kepareng nunggil Paduka,
binerkahan, pikantuk kaswargan.
3
Paduka kang wungu malih saking palimengan.
Kawula sami antuk sih, rahmating Pangeran.
Karebat saking antaka, nampi kamulyaning swarga.
Gustingutusa pra abdi kang tlatos anyebar wiji
kanthi setya, kang mring Paduka.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK