KPJ 270 SANG KRISTUS SINANGSARA
Versi Version 1
1
Sang Kristus sinangsara sinandhangan wirang
Rikinarya makutha, pinoyok tyang kathah.
Rinangket lir durjana, ci nampah siniya.
Dhuh Allah, punapaa tan ngeman kang Putra?
2
Wit aku uga Gusti ginitik winirang.
Ngagem makutha eri lan singep poyokan.
Wit aku gawe dosa, tinaton sliranya.
Sinungkawan ing driya lir tingalan nistha
3
Dhuh Yesus kang ingajep pra luhur wit kina.
Mugi kula sadaya emuta slaminya.
Sangsara lan kwirangan ageman Paduka,
nyawisi kedrajatan kula tiyang nistha.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK