KPJ 291 SANG ROH SUCI ROHING ALLAH
Versi Version 1
1
Sang Roh Suci Rohing Allah kang nucekken manah,
kang nuntun mring Sang Pamarta mrih sinung waluya.
Lamun nulak rehing dosa kanthi trusing diya,
manggih gesang nyata wah sampurna aneng swarga.
Kula samya gung kapotangan,
wit sih ing Pangeran.
Yogya gesang mursid yekti,
manut Sang Roh Suci.
2
Roh Suci Rohing Kayekten maringi kasekten,
mrih tyang pitados nekseni sih-rahmating Gusti,
lamun tansah welas - asih mring sagung sesami,
ndherek ing kamulyan luhuring Sang Kristus Gusti.
3
Roh Suci Rohing Pepadhang kang ngenggalken gesang,
nekseni sajroning manah kula putreng Allah.
Lamun tanggon mikul salib ndherek Sang Pamarta,
dadya ahli warising Allah nunggil Sang Putra.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK