KPJ 302 DHUH ALLAH KANG MAWILASA
Versi Version 1
1
Dhuh Allah Kang Mawilasa, Paduka aparingsih
Kula kasandhangan dosa, nging Paduka kang ngaksama;
tansah amaringi sih piwlas kang mahaluwih. (2x)
2
Bujana suci kang nggugah rumaose pra kanca,
iba kawlasane Allah mring kula wah tiyang kathah,
duk masrahken Kang Putra, amrih kraharjan kula
3
Roti kang cinuwil-cuwil sarta sami dentedha,
yeku salirane Gusti. Semana pinaringaken,
maedahi pra sakabat, miwah tiyang sajagad
4
Gusti ingkang maringaken sliranipun piyangga,
sestu dipun tombokaken nggenipun angentasaken
para wumat sadaya ingkang sami pracaya.
5
Tuwung kang sami denombe, ibarat rahe Gusti;
rahing prajanjian-anyar, samana winutahaken
dados lantaranira pangapuntening dosa.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK