KPJ 358 GUSTI BADHE KULA PUJI
Versi Version 1
1
Gusti badhe kula puji
ingkang kanthi eklas ing manah,
wonten ngajeng ing pra ageng
ngungelaken pujining Allah.
Kawula badhe asujud,
ngucap sokur dhumateng Gusti;
dene kadarman Paduka
lan kasetyan tan ewah gingsir
2
Para rajanipun bumi badhe muji asma Paduka
sasampuning sami nampi pangandika lesaning Gusti
Sami memuji lan matur sagung sokur dhumateng Allah;
sami ngidungken pangrehnya, wit tetela kaluhurannya.
3
Allah mesthi ngrampungaken samukawis tumrap kawula.
Kawula kapitulungan ing astanya Ingkang Kawasa.
Dhuh Gusti, berkah Paduka ing kawlasan, langgeng slamanya.
Gusti mboten badhe nilar mring pakaryan slami - laminya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK