KPJ 365 MANAH KULA BINGAR
Versi Version 1
1
Manah kula bingar lir pendah paksi,
ingkang ngenggareng garneng epang ing wit.
Tansah wira wiri, colat colote,
sarwi ambadhungi ing pangidunge.
2
Swarane barungan laras sayektos,
mawi asauran gantos - gumantos
rame awurahan mabur - mabure,
lan embyak - embyakan ing kekejere.
3
Apik busanane kathah pasrene,
manca warna lare radin klimise.
Resik mulus tansah, langkung tlatose,
nggone abebingah ing padusane.
4
Allah kang ngrimati pra peksi samya,
inggih anopeni mring jasad kula.
Kula nggih bebingah sarwi ngrerepi,
sakeca ing manah ngungkuli peksi.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK