KPJ 373 APA KOWE BISA NGETUNG
Versi Version 1
1
Apa kowe bisa ngetung lintang kang neng angkasa?
Mangkono uga mring mendhung dalah sakehing mega?
Kabeh iku nut pangrehe Pangeran kang nitahake,
ora ana siji bae kang uwal king astane.
2
Apa kowe wruh cacahe lemud - lemud ing njaba?
Apa kowe wruh wernane iwak jroning sagara?
Kabeh iku saben dina deningoni Hyang Makwasa;
ora ana siji bae kang kliwatan takere.
3
Apa kowe weruh bocah kang atresna mring Gusti?
Saben dina mesthi tansah tumenga saos bekti.
Marang bocah kang ngibadah saben dina muji Allah,
Gusti mesthi datan kendhat amaringi sih-rahmat!

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK