KPJ 379 LAH AKU BOCAH RAHAYU
Versi Version 1
1
Lah aku bocah rahayu, aku kudu ngidung,
"Duwe omah lan wong tuwa, sadulur lan mitra.
Ngarah apa maneh aku? Aku bocah kang rahayu
2
Lah aku bocah rahayu, saiba begjaku.
De badanku bagas-waras, lan atiku enggar
Wong tuwa ngopeni aku; aku bocah kang rahayu
3
Lah aku bocah rahayu, saiba bungahku.
Saben - saben dina aku nampani piwuruk
saka wong tuwa lan guru. Lah aku bocah rahayu.
4
Ya, aku bocah rahayu, banget panuwunku
mring Allah, kang amarengi aku angrerepi,
"Ngarah apa maneh aku, de aku bocah rahayu"

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK