KPJ 4 DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI
Versi Version 1
1
Dhuh nyawaku, sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha Suci.
Sabatinku ngluhurna asmané. Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna.
Aja lali sagunging kadarmannya. Élingana sawiji-wijiné.
2
Pujinen kang ngapura dosanira, kang marasken sagung lelaranira
nebus uripmu saking antaka; kang angerobi sira lan kawlasan,
kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomaké kekwatanira
3
Sepira langit angungkuli bumi, semono gunging sihé Kang Masuci,
mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohé kulon saking timur,
iya semono dènnya dosaningsun ingedohken saking awak amba*.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK