KPJ 421 URIPKU PINDHA PANGIDUNG
Versi Version 1
1
Uripku pindha pangidung
sumaos mring Pangéran.
nadyan nèng donya lwih agung
sedhih lan kasusahan,
nging satengahing pasambat,
tansah dènya umanggung
pangidungé pra mlaékat.
yogya aku ya ngidung.
2
Sirnaa saliring bungah
Gustiku datan gingsir
nadyan karoban ing susah,
padhangku tan sumingkir
atiku asukarena,
dé tan pegat jinangkung
ing sih rahmaté Sang Rama.
sayogya aku ngidung.
3
Lamun ngélingi Gustiku,
sedhihku énggal sirna.
daktut-buri ing salaku,
wit ginèndèng ing sihnya
saiba ayeming kalbu,
yèn rineksa Hyang Agung.
ngarah apa manèh, aku?
sayogya aku ngidung.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK