KPJ 55 KULA TYANG DOSA
Versi Version 1
1
Kula tyang dosa klangkung ageng,
rinentahan palimirma.
Punika ngeram-eramaken,
kawula sewu tan nyana.
Mangke tan wonten paniksa
mangke tan wonten paniksa
Ming rumentahing sih mirma,
ming rumentahing sih mirma.
2
Allah ngasihi dhateng kula,
dosa kula ingaksama.
Tan wonten mulading bendunya,
wit kula ingangkat putra.
Kula punika sinten, ta, (2x)
dé rinentahan sih-mirma? (2x).
3
Sayogya kula gunggung-gunggung
palimirmanipun Allah,
kang nglepataken saking ukum
miwah nu cékaken manah.
Panggunggung kula tan liya, (2x)
ming bab rentahing sih-mirma. (2x).

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK