KPJ 69 ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA
Versi Version 1
1
Allah Maha kwasa jumeneng Pamarta, sestu gung tresnanya,
angruwat dosa. Salir tyang pracaya lamun tansah setya
luwar sing antaka, mlebet mring swarga.
Sung sembah puja konjuk Sang Rama,
kang paring nugraha tentrem raharja.
Sung sembah bekti konjuk mring Gusti,
kang sampun nyawisi kamulyan swargi.
2
Rama Mahamirah ngrentahken gung berkah
tyang nandhang sangsara manggih waluya
Saliring pra umat tan kendhat rinimat.
srana peparingnya, nadyan prasaja.
3
Gusti Mahaagung kang paring pitulung,
nglipur manah sisah mrih datan semplah.
Njangkung kagungannya, temah tansah begja,
gesang mursid yekti dumugèng janji.
4
Pangéran murbéngrat nglubèrken sih-rahmat.
mbélani tyang leres saking panindhes.
Nunggil tyang pracaya temahan santosa,
kuwawa ngasorken salir panggodha.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK