KPJ 84 MARA WONG DOSA, WONG CILAKA, MAREKA
Versi Version 1
1
Mara wong dosa, wong cilaka, mareka mring Gusti Pamarta;
temah binirat dosanira, krana gunging sihnya.
Saiba karaharjanira, yèn sira wus manjing pracaya,
sinung begja ing gesangira, uwal sing antaka.
2
Bocah uga ya dènkasihi;
mula sowana ngarsèng Gusti,
mrih dadya putra prasetyannya,
krana gunging sihnya.
3
Aja semaya, gya mareka,
wit tan ngerti praptaning pati.
Gusti ngantya mring tobatira,
krana sih-rahmatnya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK