KPKA 146 Gusti Yesus Pamarta
Versi Version 1
1
Gusti Yesus Pamarta dados Pangungsen kula
kula dipun luwari sing pamengkuning pati
srana rahing Sang Kristus gesang kula tinebus.
2
Gusti Yesus Pamarta kang nunggil gesang kula,
kula tansah kinanthi ngantos dumugeng janji,
mila kula tan wedi martosken sihing Gusti.
3
Gusti Yesus Pamarta dados pangungsen kula,
yen ketaman bilai kula nenga mring Gusti,
nyadhong pangluwar yekti temah tentrem ing ati.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK