KPKA 204 Pandadar Ing Bujana
Versi Version 1
1
Dhuh Gusti kula sung puji ing bujana suci niki
de ngraosken ing kraharjan wah kamulyan saking swarga
tetunggilan lan Pangeran yogya kula ndhandha gesang.
2
Dhuh Gusti kula nglenggana mring dosa nggih lepat kula
tan saged nguwalken dhiri sing rehing pati antaka
mung ngegungken sih Paduka Allah Kang Mahawilasa.
3
Dhuh Gusti kula ngakeni sih Paduka agung yekti
wit sedaning Kristus Gusti kula luwar saking pati
sinungan gesang sejati langgeng wilujeng ing swargi.
4
Dhuh Gusti kula nampeni sih rahmat luber sing swargi
kula sumarah pracaya nggih ngayom mring Sang Pamarta
dinadosken putreng Allah kang tansah numrahken berkah.
5
Dhuh Gusti kula prajanji wus mesthi kula tetepi
saos sokur datan kendhat tansah martosken sih rahmat
wah gesang mursid sayekti rameng gawe pamrih sepi.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK