KPKA 286 Pentekosta
Versi Version 1
1
Gusti kang satuhu setya sampun paring prajanji
tansah nunggil kagungannya lantaran Sang Roh Suci,
ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci.
2
Sanyata wecananing nabi, wit sih mirmaning Gusti,
pra tyang pracaya pinesthi, pinaringan Roh Suci,
ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci.
3
Salir tyang pracaya yekti, kapenuhan Roh Suci,
sinungan kasekten adi, nekseni Injil suci
ing Pentekosta ari tumedhak Sang Roh Suci.
4
Samangkya ugi binabar, tumedhaking Roh Suci,
tyang pracaya gesang anyar, tresna kang trusing ati,
ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK