KPKA 304 Brayat Kang Nengsemaken Sesami
Versi Version 1
1
Brayat kang tinangsulan ing tresna tetales pitados mring Gusti
mesthi ayem tentrem lan raharja, atut rukun wah lestari,
silih asah lan asih silih asuh tan pamrih
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.
2
Brayat kang tresnanira sayekti kados sihe Sang Kristus Gusti,
lung tinulung silih angladosi tan nguja karseng pribadi,
yen bebaya anrajang linawan sesarengan,
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.
3
Brayat kang mbangun turut mring Gusti tegen ndedonga lan ngabekti,
kraos lan rumaos nampi berkah jroning bingah dalah susah,
gesangnya kagem Allah blaba berbudi tansah,
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.
4
Brayat ingkang satuhu sembada mesthi datan anguciwani,
kalamun pinaringan momongan pinerdi bekti mring Gusti,
wasis nging lembah ati blaba nging gemi stiti,
temah adeging brayat puniki nengsemken mring sesami.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK