KPKA 49 Bingah Wonten Sihing Allah
Versi Version 1
1
Sihing Allah kang Maha tresna sung gesang nyata mring kula
yeku sih kang ngeram eramna mring kula tyang kebak dosa,
mila kula tansah muji tan kendhat rinten lan ratri.
2
Yen Allah nganggep dosa kula wah lepat klentuning lampah
kawula pejah ing antaka wit gesang mung awon tansah
nging Gusti luber sih rahmat kula pepuji tan kendhat.
3
Mring salir tyang nggih sanak-mitra mesthi kawula tedahna
margining karaharjan yekti yeku sih rahmating Gusti
punika sokur kawula mring Gusti nggih Sang Pamarta.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK