KPKL 116 Gusti Allah Kang Kagungan Puji
1=G 3/4
Versi Version 1
1
Puji mring Allah, Pangeran
Kang maha wisesa
Mara jiwaku abareng
Lan bala ing swarga
Muji rame,
Unekna gong lan bendhe
Drapon wong nglumpuk nglembana
2
Puji mring Allah
Kang mulya lan adil pangrehe
Anjangkung sira
Lir manuk beri mring anake
Kang maringi
sing nyata munpangati
Puji Gusti salawase
3
Puji mring Allah
Kang nitahken manusa mulya
Kang ngreksa
Bagas kasarasanmu salaminya
Kala susah, Gusti ngluwari tansah
Nyirnakken salir rencana
4
Puji mring Allah
Kang tan kendhat ngganjar raharja
Kang luwih agung
Tresnane mring para wong dosa
Elinga ta, tulunge Kang Ma’mulya
Marang pra wong kang pracaya
5
Puji mring Allah
Dhuh jiwaku, puji asmane
Pra makluk wrata,
Sira padha muji kang rame
Allah yeku padhang lan pikekahmu
Pujinen langgeng slawase

OK