KPKL 117 Pamuji Konjuk ing Allah
1=C 4/4
Versi Version 1
1
Pinujaa Allah Rama,
Kang murbeng jagad Ma’kwasa
Kang agung ing wilasa
Pinuja asih mirmanya
Kamulyan ing sapangrehnya
Wradin ingurmatana
2
Pinuji Putrane Allah
Tedhak sing dhampar kaswargan
Mbekta salamet nyata
Seda wit dosaning jalma
Lan sung gesang margi seda
Wradin ingurmatana!
3
Pinuji-puji Roh Suci
Jalma wuta denpadhangi
Dumunung aneng praja
Linipur winulang nyata
Cinawisaken mring swarga
Wradin ingurmatana
4
Dhuh Rama, Putra, Roh Suci
Tuwan sayogya pinuji
Klayan trus ing wardaya
Pangeran suci sampurna
Pamengku Tuwan kang mulya
Wradin ingurmatana!

OK