KPKL 12 Masmur 42
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Kados sangsam kang kasatan
Dennya ngorong mring toya
Nggih makaten dhuh Pangeran
Pangoronging tyas kula
Nyawa kula angorong
dhateng Allah kang gesang
Benjing napa kula klilan
Sowan dhateng ngarso Tuwan?
2
Namung luh kang kula bukti
Rinten kaliyan dalu,
Wit tansah dipun poyoki
“Na ngendi ta Allahmu?”
Nyawa kula angranta
Nggen kula suka rena
Duk uminggah mring pamujan
Rame awor tyang golongan
3
Dhuh nyawaku, ja tumungkul
Ya gene teka uwas?
Ngarep-arepa mring Allah
Kang Mahasih, Mahawlas
Mesti bakal dakpuji
Yeku Pamarta mami
Kang sampurna myang wilasa
Allahku kang Mahakwasa
4
Inggih dhuh Allah, saestu
Tumungkul nyawa kula
Tuwan kang kulemut-emut
Sapurug-purug kula
Tyas kula kegunturan
Ing sedih, lir kungkulan
Ing ombak lan grabyag Tuwan
Sanget dennya kewimbuhan
5
Rumiyin kula ngidungken
Sih Tuwan rinten dalu
Nging samangkin sambat kula
Klayan manah kang rempu
“Dhuh Allah, punapaa
Tuwan supe mring kula?”
Satru kula amemada
“Na ngendi ta Allahmu?”
6
Dhuh nyawaku, ja tumungkul
Ya gene teka uwas?
Ngarep-arepa mring Allah
Kang Mahasih, Mahawlas
Mesti bakal dakpUji
Yeku Pamarta mami
Kang sampurna myang wilasa
Allahku kang mahakwasa

OK