KPKL 144 Kumandel ing Allah
1=F 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh Gusti mugi ngirid
Lampahing wang
Andherekaken Tuwan
Pejah gesang
Kawula dhatan saged milih margi
Mugi sapurug kula
Tuwan kanthi
2
Sih Tuwan ngayomana
Ing tyas kula
Supados kula arerema
Satitahnya kawula asumendhe
Ing karsanta
Kumandel tan ningali
Lir tyang wuta
3
Dhatana ngraosaken
Pangreh Tuwan
‘Nggih mesti Tuwan tuntun
Mring kamulyan
Dhuh Gusti mugi ngirid
Lampah ingwang
Andherekaken Tuwan
Pejah gesang

OK