KPKL 151 Gusti Nampeni Tiyang Dosa
1=Bes 4/4
Versi Version 1
1
Gusti nampeni tyang dosa
Sareng kula rumaos
Kathah kasalahan kula
Gusti maringi usada
Jejampining prihatos
2
Gusti tan nampik tyang dosa
Dahat pangemanipun
Ngantos tedhak maring donya
Nglampahi papa cintaka
Amrih kamukten kula
3
Gusti nimbali tyang dosa
Anggugah manahira
Kasuprih sami tobata
Ing Allah ‘nggih Rama kula
Angsala pangapura
4
Gusti nglelipur tyang dosa
Awit dados margine
Angsal kula pangapura
Lelabeting sedanipun
Nglabuhi mring umate
5
Gusti ngluwari tyang dosa
Sami den-lepataken
Saking paukumanira
Wah den anyarken budinya
Sestu den-sucekaken
6
Rahayu tiyang kang samya
Katampen dening Gusti
Pinaringan sih-nugraha
Ing donya ngakeratira
Cinadhang swarga adi

OK