KPKL 152 Gusthi Pepadhanging Jagad
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Gusti Pepadhanging jagad
Nyumerepken margine
Tyang ngupados karaharjan
Ing donya ngakerate
Gusti pyambak dados margi
Kula manggih kraharjan
Wonten alam donya ngriki
Ndungkap jaman klanggengan
2
Gusti ingkang nglairaken
Asmanipun kang murba
Dados Bapake manungsa
Rama kang wonten swarga
Kang Ma’asih Mahamirah
Pan sugih palimirma
Dhateng sagunging pra umat
Dhateng kula sadaya
3
Gusti Pepadhanging jagad
Madhangken sagung jalmi
Kang kepengin katarimah
Dening Kang Mahasuci,
Kinen tresna maring Allah,
Ingkang trusing wardaya,
Kinen tresna mring sesami
Saminira sadaya
4
Tyang rumaos kelepatan
Dhateng Kang Mahasuci
Ajrih kenging bebendhune,
Langkung peteng ing ati
Nanging Gusti kang madhangi
Dados Pangruwatipun
Temahan tiyang pitados.
Mesthi antuk apura
5
Saiba peteng manahe
Tyang kang manggih cilaka
Tan kwawi prihatinira
Sambate: kaniaya
Sareng pitados ing Gusti
Tan kirang panglipure
Kumandel piwlase Allah
Dados padhang manahe
6
Mugi cahyaning pepadhang
Kang mancur saking Gusti
Nunten enggal sumrambaha
Mring salumahing bumi
Angicalna pepetenging
Bodho miwah ing dosa
Amadhangi tyang sadarum
‘Pami cahyaning surya
7
Kang mugi padhange Gusti
Nyunari kula, tansah
Ketawisa saking cipta
Wah pikajenging manah
Witne’ saking kalakuan
Iba ta begja kula
Yen ngambah margi kang padhang
Suminggah saking piala !

OK