KPKL 155 Yesus Nasarani Langkung
1=G 6/8
Versi Version 1
1
Ana sabawa gumrubyug,
Lir wong golongan kumrubut
Gumrudug dennya peplayon
Apa baya kang tinonton
Ana kang ririh sumambung :
Yesus Nasarani kang langkung
Ana kang ririh sumambung
Yesus Nasarani kang langkung
2
Sapa baya Yesus iku?
Bok ya tutura mring aku,
Dene’teka dentut-buri
Ing wong ewon ngendi-endi
Rame saure wong sagung :
Yesus Nasarani kang langkung
Ana kang ririh sumambung
Yesus Nasarani kang langkung
3
Yesus yeku Sang Pamarta,
Kang tumedhak saking swarga,
Karsa pepara neng donya,
Mitulungi wong cilaka,
Mula giyake’ wong sagung:
Yesus Nasarani alangkung
Ana kang ririh sumambung
Yesus Nasarani kang langkung
4
Wong lara sing ngendi-endi
Umarek mring Kangjeng Gusti,
Wong picak bisa andulu,
Wong budheg sinung pangrungu
Mula wrata dennya umyung :
Yesus Nasarani alangkung
Ana kang ririh sumambung
Yesus Nasarani kang langkung
5
Eh wong kang kabotan dosa,
Wong papa, wong kaniaya
Ngungsia mring Sang Pamarta,
Mesthi dentulungi uga,
Aja randhat nyuwun tulung
Yesus Nasarani mumpung langkung
Ana kang ririh sumambung
Yesus Nasarani kang langkung
6
Saiba bilainira,
Lamun nampik kadarmannya
Besuk Gusti yen wus tebih
Sira nangis melas-asih
Sambatira lan piduwung:
Yesus Nasrani sampun langkung
Ana kang ririh sumambung
Yesus Nasarani kang langkung

OK