KPKL 158 Mandeng Ing Gusti
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang,
Tinebus sagung dosanira
De Cempene Allah kang sinalib ngrembat
Ngesahaken duraka kita
Daweg den pandeng!
Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang
Tinebus sagung dosanira
2
Napa ta damele Gusti Yesus seda
Yen dhatan ngruwat dosa dika ?
Napa ta damele nombokaken rahnya
Yen dhatan mbirat najis kita ?
Daweg den pandeng!
Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang
Tinebus sagung dosanira
3
Dede luh wah pasambat panangis kita
Kang marahi dosa tinebus
Dede siyam wah salat sembahyang ugi
Namung rahing salibe Kristus
Daweg den pandeng!
Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang
Tinebus sagung dosanira
4
Daweg ngungsi mring Gusti
Tyang dosa sagung
Dosa dika den unjukena
Mesthi antuk apura temah agesang
Bok den tampi lan sukarena
Daweg den pandeng!
Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang
Tinebus sagung dosanira

OK