KPKL 163 Kidung Kangen
1=A 4/4
Versi Version 1
1
Aku kangen mring omahku
Omahku kang ana ing swarga
Ing panggonane para suci
Kang aputih busananira
Omahku neng swarga
Aku kangen mring omahku
Omahku, omahku neng swarga
Omahku kang aneng swarga
2
Aku kangen mring pra mitra
Pra mitra kang wus aneng swarga
Kang memuji lan suka rena
Wus tan eling sedhihing donya
Pra mitra, neng swarga
Aku kangen mring pra mitra
Pra mitra, pra mitra neng swarga
Pra mitra kang aneng swarga
3
Aku kangen mring Gustiku
Gustiku kang ana ing swarga
Kang nebus aku srana rahe
Dencawisi omah kang mulya
Gustiku neng swarga
Aku kangen mring Gustiku
Gustiku, Gustiku neng swarga
Gustiku kang aneng swarga
4
Aku gya mulih nyang swarga
Lakuku neng donya meh tutug
Pra mitra kang wus aneng swarga
Nganti-anti aku cumengklung
Ulihku nyang swarga
Aku gya mulih nyang swarga
Ulihku, ulihku nyang swarga
Nyang omahku aneng swarga

OK