KPKL 164 Nagari Kang Endah
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Kula ninga nagri kang endah
Nagrining pepadhang kang mulya
Ngriku kula den antos Gusti
Den cawisi griya kang baka
Neng nagri punika
Kita badhe panggya-pinanggya
Neng nagri punika
Kita badhe panggya-pinanggya
2
Neng ngrika kula samya muji
Ngidhungken karahayon mami
De tan dosa, tan nandhang susah
Tan nggresah, tan ngrudhatin sami
3
Dhaweg sami memuji mring Hyang
Rama kula kang Mahamulya
Dene karsa ngasihi mring wang
Dencadhang kamulyaning swarga

OK