KPKL 167 Tumengaa
1=F 3/4
Versi Version 1
1
Tumengaa dhuh nyawaku
Sinengkakna tyas mami
Ingedohna saking dosa
Tinunggilna lan Gusti
Mugi wontena mlaekat
Ngangkat manah kawula
Sinanggia ing swiwinya
Cinelakna ing swarga
2
Tumengaa, dhuh atiku
Munggaha ing Golgota
Mandenga ingkang sinalib
Kang ngrembat dosanira
Mugi wontena mlaekat
Ngangkat manah kawula
Sinanggia ing swiwinya
Tinebihna s’king dosa
3
Tumengaa, dhuh nyawaku
Lalia ing prihira
Mundhak dina mundhak abot
Kasusahan neng donya
Mugi wontena mlaekat
Ngangkat manah kawula
Sinanggia ing swiwinya
Sageda tansah rena
4
Tumengaa, dhuh atiku
Mumbula saking donya
Sumengkaa, sumengkaa
Mring kraharjaning swarga
Mugi wontena mlaekat
Ngangkat manah kawula
Sinanggia ing swiwinya
Sinambuta mring swarga

OK