KPKL 170 Ngajal Kalayan Tentrem Rahayu
1=Es 3/4
Versi Version 1
1
Dhuh nyawaku tumengaa
Sumengkaa mring kamukten ing swarga
Lir kukila umabura
Ngaluhura Gustimu wus angantya
2
Donya lan sagung nikmatnya
Wah srakatnya
Ungkurna, dhuh atiku
Anggayuha kanikmatan, kadrajatan
Paringane Gustimu
3
Dhuh Pamarta
Mugi nganthi nyawa mami
Kairida mring swarga
Dimen anglud para mukti
Mangastuti Asma Tuwan
Slaminya
4
Sagung girising antaka
Lan cintraka Tuwan birat sadaya
Mugi sung pangajeng-ajeng
Wah pitajeng
Ingkang trus ing wardaya
5
Kula Tuwan unggulaken
Dadosaken mantep dugeng pungkasan
Ngambaha jurang antaka tanpa taha
Trus minggah ing kamulyan
6
Nyawa kula ngangen-angen
Klayan kangen dhateng Tuwan
Cumengklung
Tuwan kang nebus kawula
Nyawa kula sumangga
Tuwan pulung
7
Iba gunging kanikmatan kadrajatan
Myang kamuktening swarga
Gadhangane pra tebusan
Neng kamulyan
Tan kenging winirasa
8
Dhuh Pamarta
Mugi tampi nyawa mami
Lumebweng katentreman
Arerema ngajal kula
Rahayua
Neng patunggilan Tuwan

OK