KPKL 19 Masmur 71
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh Yehuwah kula ngungsi
Dhateng ngarsa Paduka
Sampun kawula kwirangan
Ing salami-laminya
Mugi pangadilan Tuwan
Mitulungana amba
Tuwan mugi nilingaken
Lan ngluwari kawula
2
Tuwan mugi karsa paring
Pangauban santosa
Ingkang kenging kula damel
Pangungsen salaminya
Tuwan beteng lan peparang
Inggih Allah kawula
Saking tiyang duraka
3
Kang kawula antos-antos
Namung Tuwan, dhuh Allah
Awit Tuwan ingkang dados
Andel-andel kawula
Dene kawula sumendhe
Mring Tuwan Allah amba
Wit Tuwan pangungsen kula
Wiwit lair kawula
4
Alit mila nggen kawula
Memuji dhateng Tuwan
Kathah tiyang sami eram
Wit saking tulung Tuwan
Cangkem kawula lubera
Pamuji dhateng Tuwan
Tuwan kawula luhurna
Ing salami-laminya
5
Amba sampun Tuwan tilar
Ing mangsa sepuh kula
Icala karosan kula
Tuwan paring santosa
Dhuh Gusti Allah kawula
Sampun ta Tuwan nebih
Abdi Tuwan kang prihatos
Enggal Tuwan tulungi
6
Tiyang kang nyetani amba
Sadaya kawirangna
Kang ngangkah bilai kula
Mugi Tuwan tumpesa
De pangaieng-ajeng kula
Mantep saha santosa
Tansah kula luhuraken
Mring Tuwan Allah amba
7
Amba badhe ngluhuraken
Sagung pitulung Tuwan
Tansah badhe ngucapaken
Eloking pangreh Tuwan
Dene wiwit alit mila
Kawula Tuwan tulung
Ngantos sapriki kawula
Nyriyosaken sih Tuwan
8
Tuwan sampun ngantos nilar
Ingkang abdi kang sepuh
Sageda nyariyosaken
Pangreh Tuwan kang luhur
Pundi wonten kang nyameni
Tuwan, Allah kawula?
Amba manggiha pakewed
Tuwan kang paring gesang
9
Tuwan ngentasaken amba
Sing telengipun bumi
Saha kadrajatan amba
Badhe Tuwan wewahi
Ngantos kinepang panglipur
Tentrem manah kawula
Ngriku kawula memuji
Asma Tuwan kang mulya

OK