KPKL 20 Masmur 73 : 23 – 28
1=F 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh Allah, kula badhe
Slak Kaliyan Tuwan tan pegat
Tuwan karsa nganthi mring kula
Kula badhe Tuwan tuntun
Ing sakarsa kang Sinuhun
Kang sarta ing wusananira
Badhe Tuwan pulung
Dhateng kamulyan Tuwan
Kang langgeng
2
Ing swarga miwah ing bumi
Sinten kang kula luluti
Anjawi saking Tuwan piyambak?
Sanajan ngantos lebura
Raga kaliyan tyas kula
Allah tan ewah dados parang
Gendholane manah kula
Panduman kula slaminya
3
Tyang kang nebih saking Tuwan
Mesti manggih karisakan
Tyang sedheng Tuwan sirnakaken
Nanging menggah kula eca
Rumaket mring Allah kula
Yehuwah kula andelaken
Drapon ngandhakna mring tiyang
Saliring pakaryan Tuwan

OK