KPKL 24 Masmur 90
1=D 4/4
Versi Version 1
1
Pangeran wiwitan mila
Dados pangauban kula
De wontenipun Tuwan
Sadereng lair ing redi
Inggih saderenging bumi
Sami katitahaken
Jaman gantos gumantosa
Alanggeng Allah kawula
Turuning Adam samya
Winangsulken dados lebu
Kadhawuhan tuwuh malih
Dening Allah kang kwasa
2
De sewu taun laminya
Wonten ing ngarsa Paduka
Sirna lir dinten wingi
Kadya giliraning kemit
Tunggil dalu enggal telas
Wit Tuwan Allah langgeng
Tiyan Tuwan kentiraken
Sami kados ketileman
Wangsul tumuwuhipun
Kados rumput wanci enjing
Sekar, seger, semu sae
Nging sonten sampun alum
3
Sirnaning manusa samya
Awit kataman dukanya
Sarta Tuwan bendoni
Sami kadawahan giris
Wit dening bramatya Tuwan
Kang langkung dening awrat
Sakatahing dosa kula
Ketingal wonten ngarsanya
Allah kang mahasuci
Piawon amba kang samar
Kasorotan ing pepadhang
Saking wedana Tuwan
4
Gesang amba mesthi sirna
Telas sadinten-dintennya
Wit saking bendhu Tuwan
Lampahing taun kawula
Sakrisikan umpamanya
Tan dangu lajeng ical
Umur kawula neng donya
Yen kathah mung pitung dasa
Dhe’ingkang sami rosa
Ngantos wolung dasa taun
Lestantun ing gesangipun
‘Nggih lajeng tilar donya
5
Gesang kawula sadaya
Dhatan kathah suka-rena
Ingkang dipun gungaken
Pakewed, ribed, cilaka
Sring kawengku ing sangsara
Wekasan enggal sirna
Sinten saged ngraosaken
Ampuhing bebendhu Tuwan
Ingkang anggegirisi ?
Mila amba Tuwan wulang
Kaparingana budi trang
Ngetang umur kawula
6
Dhuh Allah mugi melasi
Dhateng gesanging pra abdi
Sami tinuwukana
Ing sih lan kadarman Tuwan
Temah salaminya gesang
Sami ngraosaken bingah
Tumanduking sih Paduka
Mugi tansah ketingala
Dumateng para abdi
Nggih dhateng anak kawula
Ngantos turun-tumurunnya
Samya Tuwan berkahi

OK