KPKL 32 Masmur 112
1=A 2/4
Versi Version 1
1
Rahayu wong wedi asih
Mring Yehuwah Allahe
Kasengsem mring pepakone
Turune wong kang jujur
Kanggep ana ing tanah
Wis mesthi oleh berkah
2
Omahe wong kang pracaya
Kanggonan kaluberan
Jujuring atine ulus
Tumekeng kalanggengan
Samangsa kepetengan
Mesthi oleh pepadhang
3
Angger wong dhemen aweweh
Tan sepi ing ganjaran
Wong kang loma dhatan rubuh
Ngarsane pangadilan
Wong mursid lan welasan
Slamanya ingelingan
4
Atine salir wong mursid
Tan kuwatir, tan keguh
Panglipur aneng Allah
Ngunggul sakehing mungsuh
Lan jujuring atine
Tulus ing salawase
5
Wong wedi-asih mring Allah
Bakal kaluhurake
Nadyan nepsua wong ala
Katona kamerene
Karepe wong duraka
Denlebur dening Allah

OK