KPKL 41 Masmur 130
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Saking luwenging cintaka
Kula sambat mring Tuwan
Dhuh Pangeran kang wilasa
Mugi myarsakken mring wang
Sambat kula memelas
Wit klangkung trenyuh ing tyas
Mugi-mugi tinilingna
Ing Tuwan kang asih mirma
2
Dhuh Pangeran, yen ta Tuwan
Karsa aniti-priksa
Dhateng durakaning tiyang
Sinten kang saged wluya?
Nanging Tuwan kagungan
Pangapunten lan piwlas
Kang sinuprih para jalma
Ajrih asih mring kang asma
3
Nyawa kula ngantos-antos
Mring Allah rinten dalu
Inggih kula ngajeng-ajeng
Ing sabdanya kang tuhu
Pangantos-antos mami
Cecengklunge nglakungi
Tyang kemit dalu ‘nggenira
Ngajeng-ajeng ing raina
4
Umate Hyang Ma’wilasa
Sira ngarep-arepa
Maring Allah kang Ma’kwasa
Kang mitulungi sira
Wit Yehuwah kagungan
Sih piwlas lan kadarman
Karsa anebus umate
Saking sagung durakane

OK