KPKL 45 Masmur 138
1=Es 2/4
Versi Version 1
1
Tuwan badhe kula puji
Ingkang kanthi eklasing manah
Wonten ngajenging pra ageng
Ngungelaken pujining Allah
Kawula badhe asujud
Ngucap sukur dhumateng Gusti
Dene sih kadarman Tuwan
Lan kasetyan tan ewah gingsir
2
Nadyan sepinten-pintena
Misuwurnya asmaning Gusti
Nging taksih linangkung mulya prasetyanya
Allah kang suci
Sareng wonten sambat amba
Tuwan karsa enggal nulungi
Tuwan maringi santosa
Ing tyas amba
Ngantos tan keguh
3
Para rajanipun bumi
Badhe muji asma Paduka
Sasampuning sami myarsa
Pangandika ing lesan Tuwan
Sami memuji lan matur
Sagung sukur dumateng Allah
Sami ngidungken pangrehnya
Wit tetela kaluhurannya
4
Saestu luhur Pangeran
Dene Tuwan angudaneni
Mring saliring tiyang andhap
Nging kang digung
Tuwan tan samar
Lampah kawula kinepang
Lan kinalang ing kasusahan
Nanging Tuwan paring gesang
Asta Tuwan paring kluwaran
5
Allah mesti ngrampungaken
Samukawis tumrap kawula
Kawula kapitulungan asta Tuwan
Ingkang kawasa
Dhuh Gusti kadarman Tuwan
Lan kawlasan langgeng slamanya
Tuwan badhe boten nilar
Mring pakaryan ing asta Tuwan

OK