KPKL 48 Masmur 150
1=F 4/4
Versi Version 1
1
Linuhurna Pangeran
Wonten ing pasamuwan
Linuhurna asmanya
Dalah munggwing akasa
Wit kwasane anglangkungi
Dene kaluhurannya
Munjuli samudaya
Munggwing swarga lan ing bumi
2
Linuhurna Hyang Agung
Klayan masmur lan kidung
Kanthi swaraning kawat
Gangsa kaliyan slukat
Wah salir sabawa ramya
Sabarang kang ambegan
Ngluhurna mring Pangeran
Klayan girang s’ekapraya

OK