KPKL 49 Tiyang Punapa Ingkang Rahayu
1=D 4/4
Versi Version 1
1
Rahayu tiyang apes
Tyang mlarat ing budi
Tan ngandelaken awak
Sumendhe mring Gusti
Lir kere asesambat
Anyuwun wilasa
Tyang mlarat ingkang darbe
Karaton ing swarga
2
Rahayu tyang kang nangis
Wit kathah panerak
Prihatos ngrudhatin
Getun dhe klepatan
Sedhihe denaturken
Mring Yesus Gustinya
Tyang nangis kang linipur
Ngantos langkung muktya
3
Rahayu tyang kang sareh
Nyabari panyiya
Tan malesken piawon
Nging remen ngapura
Tiyang kang purun ngawon
Menang wekasannya
Tyang kang mantep sarehe
Bumi warisannya
4
Rahayu tyang keluwen
Lan kasatan manah
Ngorong dennya kepengin
Oleh kasampurnan
Tyang ngorong mring kasucen
Gusti kang maringi
Kasampurnane pyambak
Tinuwukan yekti
5
Rahayu kang nglampahi
Kaw’lasan mring tiyang
Kang awit saking Gusti
Kang seda wit welas
Rahayu kang ngrencangi
Repote sesami
Tyang kang welas saestu
Sinung w’lase Gusti
6
Rahayu tyang kang suci
Ing lair lan batin,
Nyengiti lan nyingkiri
Sabarang kang najis,
Dalah melike pyambak.
Tyang suci ing manah
Badhe manggen ing padhang,
Ningali ing Allah
7
Rahayu kang telatos
Nindakken pirukun,
Ngrukunken kang sulayan,
Nglegani tyang sagung,
Angger tan nganti camah
Injile Pangeran,
Tyang sumlondhoh den anggep
Putranipun Allah
8
Rahayu kang ingoyak,
Wit lampahe leres,
Wit ngabekti ing Allah,
Tinarka sinereg
Sira yen cinampahan,
Wit ndherek ing Gusti,
Giranga, dhe Gustimu
Mesthi tan nyampahi
9
Aja ilang atimu
De’ panganiaya
Gusti ngreksa mring sira
Klawan agung kwasa
Kanthi akeh reribed
Nggonmu keslametan
Dene kratoning swarga
Sira kang sinungan

OK