KPKL 53 Kidung Pamujinipun Maryam
1=D 4/4
Versi Version 1
1
Nyawaku muji Allah
Sukmaku bungah-bungah
Wit saka peparinge
Allah marang abdine
Dene karsa ngudaneni
Asoring kawulanya
Nganti saliring bangsa
Ngarani aku rahayu
2
Aku sinungan berkah
Saka astaning Allah
Dene suci asmane
Lan gedhe mukjijate
Kawelasane dumawuh
Mring kang padha ngeringi
Wis mesti denberkahi
Tumeka turun tumurun
3
Astane Allah kita
Nindakake pangwasa
Mbuyarake wong digung
Pra wisesa denlungsur
Ngluhurake para asor
Wong ngelih denerobi
Salir amal kang becik
Wong sugih tinundhung legeh
4
Allah wus murinani
Isr’el dimen ngengeti
Marang kawelasane
Mring Abram satedhake
Allah netepi prajanji
Marang leluhur kita
Langgeng ing salamanya
Asmane pinuji-puji

OK