KPKL 54 Kidung Pamujinipun Zacharyah
1=C 2/4
Versi Version 1
1
Pinuji-puji Pangeran
Allahe umat Israel
Dene nuweni kang umat
Pinaringan pangentasan
2
De sunguning kaslametan
Kayasa dening Pangeran
Pinaringaken umate’
Nggih trahe Dhawud abdine
3
Allah karsa anetepi
Pangandikane kang suci
Kang lantaran pra abdinya
Wiwit saka jaman kuna
4
Allah Janji angluwari
Marang umate kang suci
Saka tanganing mungsuhe
Saka sengiting satrune
5
Para luhur rinentahan
Sih mirma saka Pangeran
De’ Allah karsa ngengeti
Mring prasetyane kang suci
6
Allah prajanji mring Abram
Samangsa umate luwar
Saka tanganing mungsuhnya
Pinaringan sihraharja
7
Kang umat bakal ngabekti
Tanpa taha marang Gusti
Klawan suci trus ing ati
Salawase aneng bumi
8
He anakku, sira mesthi
Sinebut nabining Gusti,
Miaku dadi cecalane
Lan andingini tindake
9
Sira angrata margined
Aweh weruh mring umate
Bab kabaring pangentasan
Lan dalaning kaslametan
10
De awit saka gunging sih,
Lan palimirmane Gusti
Allah karsa angapura
Sakehe kluputan kita
11
Kita padha dentuweni
Pletheking padhange Gusti
Kang tumedhak saka swarga
Ambungahake tyas kita
12
Kang andhok ing palimengan
Ing pati, wis kapadhangan
Isr’el tinuntun lampahnya
Neng dalan tentrem raharja

OK