KPKL 57 Rawuhipun Gusti
1=C 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh Gusti kados pundi
Nggen kula sung urmat
Methukken klayan puji
Mring Ratuning jagad
Mugi Tuwan madhangi
Lantaran Roh Suci
Salam kula ndadosna
Kepareng Paduka
2
Saking dampar kang mulya
Lan kluhuran swarga
Tuwan tedhak ing donya
Nunggil lan pra jalma
Tumut nandhang sangsara
Ngrembat kasusahan
Ngrukunken tiyang dosa
Dhumateng Pangeran
3
Punapa kang njalari
Dhuh Ratu kang mulya
Nggen Tuwan rawuh mriki
Karsa nandhang papa
Inggih piwelas Tuwan
Saha palimirma
Lan katresnan Sampeyan
Dhateng tiyang dosa

OK