KPKL 65 Kasampurnanipun Gusti
1=D 4/4
Versi Version 1
1
Kula nggunggung-nggunggung Gusti
Panutan kula kang sejati
Dene suci tanpa cela
Tansah kula mulyakaken
Asmane kula luhuraken
Tan wonten timbanganipun
Nggenipun nglampahi
Karsane Hyang Widi
Tansah mantep lair batos
Salaminya umadep
Maring kang Rama
2
Dhahat kasengsem ing driya
Miturut karseng Kang anduta
Ngrampungken ayahanipun
Sampun kalangenanipun
Ya ta nggenipun alelana
Neng Yahudi nagrinipun
Memulang tan pegat
Tur mawi mukjijat
Damel sae
Dhateng tiyang sa’nggen-nggennya
Lir pendah Allah pepara
3
Tiyang sakit pinten-pinten
Sowan Gusti sadinten-dinten
Samya sinungan waluya
Mirsa tyang manggih sangsara
Gusti lumuntur piwlasipun
Dyan tinulungan sadaya
Sumeh ulatipun
Arum ing wacana
Sabar sareh
Sakaliring kalakwannya
Nedahken aliming budya
4
Boten mbujeng kadrajatan
Kauntungan wah kaurmatan
Ing sliranipun priyangga
Tan lumampah denladosi
Malah kajatipun ngladosi
Masrahaken nyawanipun
Nglabuhi tyang dosa
Nggih kula lan dika
Iba-iba kawlasane Gusti kula
Dhatan kenging winirasa
5
Duk nglampahi pinisakit
Ginitikan nunten sinalib
Tan karsa males piawon
Nadyan denujar-ujari
Densiya-siya kados pundi
Dipun sabarken kemawon
Malah satrunipun
Lajeng sami dipun dongakaken
Pangapunten, adhuh Gusti
Putrane Kang Mahasuci
6
Sinten kang boten memuji
Kautamenipun ing Gusti?
Saestu sampun sampurna
Sampun prayogi ingangkat
Dados panutaning pra umat
Ginanjar kratoning swarga
Mugi kasampurnan
Ing Gusti Panutan anirambahi
Mring pasamwan, pikantuka
Sawabing kasampurnannya

OK