KPKL 68 Juru Pangen Ingkang Utami
1=Es 3/4
Versi Version 1
1
Gusti Yesus Pangen mami
Juru Pangen kang utami
Kula menda kagungannya
Dennya nebus klayan rahnya
2
Gusti pangen ingkang sampun
Ngetohaken nyawanipun
Karana saking mendanya
Drapon samya wilujenga
3
Gusti Yesus dhatan pandung
Mring sadengah mendanipun
Mirsa nama lan cacahnya
Langkung titi pangetangnya
4
Gusti ngrimati mendaNya
Sinungan sabetahira
Tan wonten kang kecingkrangan
Malah ngantos keluberan
5
Gusti ngumpulken mendanya
Kadadosaken sapantha
Sami runtut atut rukun
Ngetut wingking pangenipun
6
Asantosa Gusti dennya
Ngreksa menda kagungannya
Dhatan wonten kang ketriwal
Tan saged tiwas myang ical
7
Tan wonten kang saged ngrebat
Awit jinangkung tan kendhat
Dening astanya kang Rama
Hyang Sukma kang Mahakwasa
8
Kula wanuh Pangen kula
Lan nilingaken swaranya
Begja kula dhe sinungan
Gesang langgeng wah kamulyan


OK